SYAIR PADANG BULAN


[Allohumma Sholli wa Sallim 'alaa sayyidinaa wa maulanaa Muhammadin] 2X

['Adada maa fii 'ilmillahi Sholatan daaimatan bidawaami mulkillaahi] 2X

[Padang bulan, padange koyo rino. Rembulane sing ngawe-awe] 2X

Ngelengake, ojo turu sore. [E... Kene tak critani, kanggo sebo mengko sore] 2X

[Lamun wong tuwo, Lamun wong tuwo keliru mimpine, Ngalamat bakal, Ngalamat bakal getun mburine] 2X

Wong tuwo loro, kundur ing ngarso pengeran, [Anak putune, rame rame rebutan warisan] 2X

[Wong tuwa loro, ing njero kubur anyandang susah, Sebab mirsani, putera puterine ora ngibadah (dho pecah belah)] 2X

Kang den arep-arep, yoiku turune rahmat [Jebul kang teka - Jebul kang teka, nambahi fitnah] 2X

[Iki dino, ojo lali lungo ngaji, Takon marang, Kyai Guru kang pinuji] 2X

Enggal siro, ora gampang kebujuk syetan [Insya Alloh, kito menang lan kabegjan] 2X

[Jaman kepungkur, ono jaman jaman buntutan, Esuk-esuk, rame rame luru ramalan] 2X

Gambar kucing, dikira gambar macan [Bengi diputer - bengi diputer, metu wong edan] 2X

[Kurang puas kurang puas, luru ramalan Wong ora waras wong ora waras, dadi takonan] 2X

Kang ditakoni, ngguyu cekaka’an [Jebul kang takon - jebul kang takon, wis ketularan] 2x



No comments:

Post a Comment